MEDIA PLAYER

Wednesday, November 28, 2012

pembawa acara pengajian bahasa jawa



Assalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatu..h

Dumateng Ibu Lurah ingkang kulo hormati, dumateng Ibu-ibu lan mbak-mbak sedoyo ingkang di mulya aken oleh Allah.

Wonten kesempatan sonten niki Alhamdulillah kulo dipon paringi kesempatan mbetaaken acara nanging sak derenge kulo waosaken acara nipon langkong rumiyen, monggo-monggo kito penjataken puji kalian sukur wonten kehadiratipun Gusti Allah engkang sampon maringi kenikmatan dumateng kitop seoyo. Anggeh meniko berupa kenikmatan iman lan Islam sehinggo kito sedoyo saget makempal wonten dalem ipon mbk….. kanti keadaan sehat wal a’fiat mboten kirang setunggal punopo.
Mboten supe ugi Sholawat satro salam kito sanjung aken dumateng nabi kito Muhammad SAW.

Nah …. ibu-ibu, mengawali acara sonten niki, monggo kito awali kalian bacaan Basmallah sareng-sareng, monggo….

Lan acara kapeng kalehipun nggih meniko pembacaan kitab suci Al-Qur’an di waosaken kaleh Ibu…. Lan di lanjutaken pembacaan surat Yasin lan tahlil engkang bade di imami kalian Ibu ….. dumateng Ibu … lan Ibu…. Kangge wedalipun kulo sumanggaaken.

Alhamdulillah pembacaan kitab suci Al-Qur’an lan yasin sampon kito waosaken sareng-sareng lan sak lajengipun acara nipon sampon cekap nangeng sak derenge acara nipon kulo tutop, kulo nyuwon pengapunten dumateng Ibu-ibu lan mbak-mbak sedoyo.

Mbok menawi angsal kulo mbetaaken acara enten kesalahan utawi angsal kulo mator enten kirang saene kulo nyuwon pengapunten lan dumateng Allah SWT kulo nyuwon magfirohhipun. Cekap semanten acara nipon , kulo akhiri…. Akhiru salam Wassalasmu’alaikum Wr. Wb.

No comments: